Oleh: Makmun Aryadi*
Bangsa Indonesia lagi ngongsa-ngongsane luru pimimpinan ingkang bijak, ngabekti kaliyan rakyat lan ngerakyat. Gagragan kepemimpinan bangsa ingkang dipun arep-arep dining rakyat wonten ing serat-seratan kuno khususipun pustaka Jawa. Gagragan kepemimpinan bangsa karangkum ing dalem jinise carita, kayata Ramayana, Babad Baratayuda, Babad Majapahit, Pararaton, lan serat-serat piwulang (Wulang Reh, Wulangpraja, Ajipamasa, Panitisastra, Slokantara) lan lintu-lintunipun. menyajikan berbagai konsep citra pemimpin bangsa. Ramayana, menggelar ajaran Astabrata, Babad Bharata nudhuhaken pelakon pimpinan ingkang luhur, Parikesit putra Abimanyu, asuhan ki lurah Semar, dewa ingkang ngejawantah lan ngerakyat. Babad Majapahit lan Pararaton menehi pituladan kepemimpinan raja-raja Singasari lan Majapahit, ing dalem asuhane Nayagenggong lan Sabdapalon, uga binantune Patih Gajah Mada wonten ing nyatuake Nusantara, kaliyan Sumpah Palapa.
Ramayana anggelar peperangan antarane Prabu Rama kaliyan Rahwana Buta. Ing dalem pungkasane carita dipun jlentrehake gagragan kepemimpinan, wonten ing dalem wasiate Rama maring Gunawan Wibisana, calon raja Langka, ba’da kapundute Rahwana. Wibisana pedot gegayutan ningali kaluargi agunge pating kesungkur mati wonten ing peperangan. Piyambake dhewekan ora ana kanca. Ningali pelakon kados mekaten, Rama menehi wejangan Astabrata, sekapur darmaning ratu gung binathara, kanggo anjegherake semangate. Asta artine “wolu”, brata artine “tapa utawa kewajiban”. Astabrata dipun maknani “kewajiban piyantun pimimpinan ingkang bijak ing dalem ngadhepi rakyat ingkng akeh adate. Ing dalem irah-irahan liya, Rama menehi wejangan kangge Bharata, ingkang dipun wastani Sastracetha. Wonten ing dalem Babad Bharatayudha Kresna menehi wejangan awujud Bhagawatgita kangge Arjuna, kanggo anjegherake semangate arikalane piyambake pedhot gegayutan kangge nglampahake kewajiban dados satriya, ingkang kedah mbela kebechikan. Panitisastra lan Slokantara nglambangake sesangkutan antaranipun pimimpinan lan rakyat paribasan singa lan rimba utawa iwak lan banyu sarta karo-karone dipun pisahake, ora pantes thakur-thakuran lan sami mbetahake.
Astabrata cocok diagem kangge dasare ngabektine pimimpinan bangsa. Tiyang Jawa anduweni anggepan bilih ratu (pimimpinan) punika titisan Wisnu. Piyambake ngayomi sedaya golongan tanpa mblijeti wulu, sedaya dipun rumati padha. Ing dalem piyambakipun pimimpinan dipun rasuki dening 8 dewa; Betara Indra, Yama, Surya, Candra, Anila, Kuwera, Bharuna, lan Agni, piyambake njelma dados Ratu Gung Binathara Trah Andana Warih, Trahing Kusuma Rembesing Madu, piyantune anduweni kawibawan. Maksute sawijining pimimpinan kedhah nuruti:
- Ambeging lintang, bilih piyantune pimimpinan kedhah takwa dumateng Gusti kang maha siji, lan dados pituladan kangge kawulane, anduweni cita-cita luhur, kaliyan semboyan mamayu hayuning bawana, demi kesejahteraane dunya.
- Ambeging surya, bilih piyantune pimimpinan kedhah nuruti watek dewa matahari. piyantune dhawa ususe lan setya, panas ingkang ngayuwara ingdalem mangsa nthang-nthang, bisa menehi pikuatan dumateng sedaya makhluk. piyantune agawe adil, anduweni kawibawan, ngerakyat, tanpa pengarep-arep, setya maring negara lan bangsa sakdhawaning mangsa.
- Ambeging rembulan, bilih piyantune pimimpinan kedhah anduweni watek kados dewa rembulan. Piyambake menehi pepadhang wonten ing pepetengan. Pimimpinan kedah bisa mujudake suwanten ingkang ayem lan santosa,maringi tuminah arikalane para kawula anduweni perkawis. peraupane ingkang alus bisa menehi keayeman lan kasentosan tumrape kawula ingkang lagi karundung durja.
- Ambeging angin, pemimpin kedah maringi kaademan kangge umatipun. Lerkadyo lakune angin ingkang adem. Pemimpin kedah sanggup maringi wejangan tumatrap kalayan pinten-pinten masalah.
- Ambeging mendung. Mego ingkang tumerap ing awang-awang kados ngajrehi. Balek mego ugi maringi kasumringahan kagem makhluk. Mendung tansah maringi jawoh. Pemimpin kedah gadahi kawibawan balek mboten medeni, sahingga cukul laku ajrih asih, lan andum rizqi kalayan masyarakat.
- Ambeging geni, geni nggadahi watak panas. Pemimpin kedah njumenengaken keadilan, digayutaken kalayan kealanan.sinten mawon tiyange ingkang nglanggar kalayan peraturan ingkang sampun tumerap mongko kedah dipun hukum.
- Ambeging banyu, banyu ugi dipun lumprahaken kalayan segoro. Salah satunggale pemimpin kedah nggadaihi watak samudera artinipun mboten wonten sanes inggih puniko sabar, pinter, saget mecahaken pinten-pinten perkawis bangsa, tanggap, gampil aweh ngapuro, lan nentremake jiwo rakyat.
- Ambeging bumi. Bumi pertiwi niku tansah sabar, adil, pemurah lan pengasih. Bumi maringi pinten-pinten anugerah kalayan umat, ingkang rupinipuna kados cecukulan lan hayawan kangge kasejahteraan umat menungso. Keranten puniko umat manungso saget ngraosaken kasejahteraan.
Astabrata sifatipun umum, biso dipun terapaken ten pundi mawon. Bileh dipun jumenengaken mongko ndonyo puniko saget aman lan ugi dame. Sanggup nopo mboten poro pemimpin jalanaken perkawis ingkang kados puniko, demi ndadosaken tata titi tentrem kerta raharja, lan mamayu hayuning bawana (menjaga ketertiban dunia) sanes guneman mawon.
Dharma Piyantune Pimpinan
Serat Pamarayoga, karya R. Ng, Ranggawarsita maringi pitedah ratu, nyepeng pemerintahan kanti utusan Hyang Agung. Puniko dipun lindungi kalayan tri loka buwana, pinandhita, bathara lan satriya. Pemimpin kedah nggadai wawasan ingkang jembar, anggadai ilmu kanuragan, kadigdayan lan kawicaksanan. Labetipun poro pemimpin puniko dharma (kewajiban) ingkang abot sanget, puniko kabagi dados 8 hal, antawisipun: (1) Hanguripi, pemimpin kedah saget maringi perlindungan kalayan rakyat, ngormati lan jogo katentreman, ingkang nyocoki kalayan undang-undang, sehinggo cukul roso percoyo kalayan awake, supados saget tercipta kehidupan ingkang layak. (2) Hangrungkebi, pemimpin kedah wantun angorbanaken jiwo, rogo lan bondo kangge kasejahteraan bangsa. Mukti wibawa puniko abdi masyarakat ingkang dados tanggung jawab ingkang kedah dipun cepeng. Ngumpulaken doyo kangge jogo masyarakat kanti sasanti nyuwiji kita kukuh udar kita ambruk. (3) Hangruwat, artosipun mbrantas pinten-pinten masalah ingkang ngaling-ngalingi lampahipun pemerintahan supadoso saget tentrem, sorahipun nyudo kemlaratan, bantu tiyang ingkang sami cacat, maringi pendidikan ketrampilan kalayan pemudo-pemudo, jumenengaken ketakwaan, kanti pengarep amprih ampunan, ngresiaken awak, supados Tuhan maringi gampil ingdalem pundi-pundi perkawis. (4) Hanata, artosipun ’noto’ poro pemimpin kedah mahami falsafah njunjung drajating praja, gegayutan kalayan konsep ’nata lan mbangun praja’, jumenengaken kedisiplinan, kejujuran, lan setia (loyal), demi kesejahteraan rakyat, kanti sasanti ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani, menehaken sorah, nguripaken semangat nyambbutdamel lan berwibawa ing ngajengipun rakyat, puniko nggadai pengaruh dilansir ing ndalem kepemimpinan Pancasila. Rakyat puniko diparingi kasempatan kangge manfaataken alam negara, sami kados amanat UUD 45. (5) Hamengkoni, ’memberi bingkai’, supadoso persatuan lan kesatuan bangsa tetep kajogo. Pemerintah maringi kemerdekaan (kebebasan ingkang dipun watesi), kangge rakyat supadoso berusaha manfaataken nopo ingkang wonten ing negeri, lan jalin kerjasama kalayan negoro sanes tanpo intervensi. (6) Hangayomi, ayom artosipun ’lindung’, ’teduh’. Hangayomi artosipun maringi pengayoman kagem rakyat, supados ngraosaken aman, bebas anggenipun pados nafkah ingdalem kuwoso dzat kang murbeng dumadi. Kangge jagi kawibawan bangsa pemimpin wajib ngayomi rakyat. (7) Hangurubi, ngurepaken semangat nyambodamel kaleh rakyat, kangge kasejahteraan. Rakyat anggadahi kekarepan yen kasejahteraan niku katurutan, nyepeng budi ingkang adil, jujur lan setia mbelo kaleresan. Roso asih lan asuh dipun sarengaken ingdalem srawung kalayan masyarakat supados kawujud kasejahteraan, tetep cekelan kalayan sabda pandhita ratu. Yen pemimpin niku kedah saget netepi nopo ingkang dipun ucapaken. (8) Hamemayu, njagi katenteraman negoro, kanti kaselarasan lan kaharmonisan ingkang dipun landsi kalayan sifat percoyo lan nagdohaken sangking sifat curigo, kangge mbenahi tatanan pemerintahan.
Sri Ajipamasa, arikolo ajeng lereh kaprabon, maringi wejangan kalayan putranipun bileh rojo kedah nyepeng Pancapratama, tegesipun: (1) mulad, pemimpin kedah waspodo waspada lan ati-ati kalayan punggawa (2) amilala, nglindungi lan nglayani, maringi hadiah kalayan punggawa ingkang setia, loyal lan berjasa. (3) amiluta, mendet atinipun punggawa lan rakyat, kanti pengarep saget maringi katenangan jiwa. (4) miladarma, bileh pemimpin puniko kedah bijak, sahinggo mboten wonten ingkang dipun rugiaken, kangge kasejahteraan alam ndonyo, utawi mamayu hayuning bawana, lan (5), parimarma, artosipun welas asih, sabar lan pangapuro.
Ingkang kados ten nginggil puniko menawi dipun lampahaken insya-Allah negoro saget tentrem lan ayem. Kejawi niku dipun tuturaken bileh pemimpin kedah ngamalaken pancaguna, kangge jagi kasejahteraan negoro sak isi nipun, kalayan ilat, ulat, ulah, asih lan asuh. Ilat artosipun jagi pangucap, ulat nuduhaken kengayogya lan merhatosaken budi kaliyan poro punggawa. Ulah puniko tingkah laku ingkang pantes tinulat (diteladiani). Sebab pemimpin puniko dados koco benggolo kangge rakyat ingkang ngarepaken ratu ingkang adil, ingkang kasimpen ing ndalem pudhak sinumpet (kuncup bunga pandan). Asih nggadahi arti “ngremeni”. Pemimpin kedah asih santana, punggawa lan kawula. Menawi asuh, bileh pemimpin puniko kedah ’ngemong’, rakyat puniko kedah dipun layani ingkang sami mban cindhe mban siladan.
Amanah lan Tanggung Jawab
Ing ndalem islam sampun dipun aturaken yen pimpinan puniko kedah amanah, printah ingkang mulia lan kedah dilaksanaaken kanti tanggung jawab. Serat Wulang Reh Pupuh III. 4-8. Karya nipun Sri Pakubuwana IV, dianjuraken bileh pemimpin mboten angsal anggadahi sifat adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun. Adigang puniko ’kijang’ adigung ’gajah’ lan adiguna ’ula’ katigo nipun penjah sareng ing ndalem peperangan kanti alasan bileh katigo nipun sami-sami gumedhe. Pemimpin ingkang nebihi sifat aji mumpung, mumpung kuwasa, tumindak nistha, kados Ranggawarsita ing ndalem Serat Sabdatama, bait 12 ...., begjane ula dahuru, cangkem silite nyaplok, (13) ndhungkari gunung-gunung, kang geneng- geneng padha jugrug, parandene tan ana kang naggulangi, wedi kelamun sinembur, upase lir wedang umob.
Pimpinan ampun dipun cepengaken kalayan tiyang ingkang mboten purun, kados aji mumpung. Sifat aji mumpung bertentangan kalayan dharma pemimpin. Pemimpin kedah rendah ati, bijak, adil lan nggadahi budi bawa leksana. Puniko dipun tuturaken Ranggawarsita dalam Serat Witaradya, bileh rojo, watak narendra gung binathara, mbaudhendha hanyakrawati, kutipan nipun:
Dene utamaning nata, berbudi bawa laksana, lire ber budi mangkana, lila legawa ing driya, hanggung hanggeganjar saben dina, lire kang bawa laksana, hanetepi ing pangandika.
Pemimpin nyepeng ingkang saestu janji nipun ingkang sampun dipun tuturaken. Janji puniko piutang, ingkang wajib dipun saur. Sabda pandhita ratu salah satunggalipun falsafah Jawa lan konsep pengejawantahan janji puniko piutang, ingkang dipun lampahi kalayan ajining awak soko obahing lathi ajining sarira soko busana, aja waton omong nanging omonga nganggo wawaton, ilat ora ana balunge, esuk dhele sore tempe, mencla-mencle, sanes sikap pemimpin, inggih puniko konsep kedek anggenipun nutur lan katah anggenipun nyambodamel ingkang prayoginipun dipun cepeng ingkang wigati. Poro pemimpin dipun percoyo dining rakyat. Mangsulaken kapercayaan ingkang ical puniko luweh angel sangking mbangunipun.
Filsafat Jawa nuturaken bileh drajat, pangkat lan semat bisa oncat. Puniko dados bahan pertimbangan kagem poro pemimpin. Ing donyo puniko mboten wonten ingkang langgeng. Sedoyo puniko namung sementara mawon, lerkadyo kilat ingkang nyamber kang tanpo wekas. Rikolo njabat poro pemimpin puniko dihormati lan terhormat, pergantosan tumibo, pemimpin dipun hujat lan dicelo, konco utawi punokawan kados mboten tepang. Poro pemimpin dipun supeaken. Ironis. Padahal kito ngertos bileh mboten wonten tiang ingkang sampurno.
Wonten sisi ingkang sae lan sisi ingkang awon. Saksampunipun tibo kesaenan katutupi kalayan kekurangan. Pengalaman Prapanca penggubah Nagarakertagama dipun aturaken ingdalem Nirartaprakerta, mongso pemerintahan Hayam Wuruk njabat dados bhiksu pemuka agama Bhuda lan adyaksa (jaksa) mbuktiaken. Saksampunipun rampung tugas puniko tiyangipun nyepi ing Swecchapura, lembah Sungai Brantas. Tebeh sangking konco sak perjuangan lan sepengabdian. Konso puniko sami ngadoh. Nyepi puniko dipun manfaataken kangge ngrubah Nirartaprakerta, kagem kompensasi. Kompensasi puniko sae, sebab tiyangipun mboten putus asa, mboten larut ing ndalem kasuwijenan. Nir artha ’miskin tak berharta’ ajining rogo tansah ical sesarengan kaliyan paripurno jabatan ingkang dipun asto. Anging tetapi tiyang puniko nggadahi iman ingkang kuat. Tiyangipun nyedak marang dzat kang mubeng dumadi. Tiyangipun sadar bileh tiyangipun bade wangsunl ing ngarsanipun Pangeran. Bileh kaabadian lan kelanggengan puniko gadahanipun Gusti, ingkang nggadahi alam semesta, penentu sedanten.
Dharma pemimpin ingkang bijak kados ingkang dipun jlentrekaken ing astabrata, Ramayana lan citra pemimpin bangsa ing ndalem Serat Pamarayoga, sayogyanipun didadosaken cekelan, kangge mencapai kasejahteraan rakyat. Puniko saget nopang kepemimpinan bongso ingkang multikultural. Pemimpin bangsa ingkang bijak dibutuhaken kangge nguataken persatuan lan kesatuan bangsa ingkang dipun dukung kalayan UUD 45, sumber sedanten hukum ing Indonesia, sasanti Bhinneka Tunggal Ika ing ndalem cengkeraman burung garuda putra bhagawan Kasyapa ing ndalem kitab Adiparwa. Garuda dados wahana dewa Wisnu, dewa pengayom alam semesta ingkang njelmo ing ndalem rogo pemimpin bangsa.
Dipun sarengi kalayan dasar negara Pancasila, ing ndalem kekuasaan pataka sang saka merah putih, puniko lambang kauripan jelmaan lingga lan yoni ing Nusantara ingkang mahardika, dirajut ing ndalem Sutasoma. Tan Tular maringi wejangan kalayan bongso pancasila gĕgĕn den teki haywa lupa, bileh ’pancasila kedah dipun cepeng ingkang saestu, ampun ditilar’. Pancasila, Bhinneka tunggal ika lan mahardika, pataka sang saka pangringset NKRI ing ndalem manikam khatulistiwa.
Pemimpin bangsa sampun dipun pileh, sangking pileg lan pilpres. Sinten mawon inggih puniko pilihan bangsa. Panggenan nggantungaken kekarepan lan masa depan ingkang luweh sae ing bumi kang gemah ripah loh jinawi, subur kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinumbas, tata titi tentrem kerta raharja, artosipun murah sandang pangan seger kuwarasan, mboten slogan mawon. Mutiara kata puniko kedah dipun lestariaken deneng tiyang ingkang nyepeng amanat, kangge perwujudan negeri Amarta ingkang dipun dendangkan ki dalang ing ndalem pawayang. Mboten sakdermo impen, kanti manfaataken potensi alam anugerah Dzat kang murbeng dumadi. ingkang mbentang sak tebehipun khatulistiwa, ing ndalem rupo utawi wujut hutan utawi alas, gunung, segoro lan kali, simpenang ingkang mboten saget dipun etang-etang. Sedanten dipun manfaataken kangge kasejahteraan rakyat. Rakyat puniko kedah saiyeg saekapraya mbangun bangsa. Eksekutif, legislatif dan yudikatif nggadahi tugas mbangun negara dan bangsa. Pemimpin nggadahi tanggung jawab ingkang abot sanget. Kasejahteraan rakyat mboten saget dipun wakilaken, ananging dipun nyataaken. Yen wakil rakyat puniko sejahtera mboten berarti rakyat ugi ngraosaken.
Ekonomi kerakyatan mboten namung janji. Rakyat cilek mboten nuntut ingkang katah. Kabutuhannipun ugi sederhana. Ingging puniko sandang pangan kacukupi, kesehatan kajogo, lan nyekolahaken anak kangge masa depan calon pemimpin bangsa. Kebutuhan punikolah ingkang kedah dipun perhatosaken dening pemerintah. Salah satunggalipun solusi inggih puniko kalayan nyiptaaken lapangan kerjo. Supados gepeng, pengamen, pengasong ing radosan mboten ganggu kaamanan lan kenyamanan. Ungkapan udan emas ing negeri orang luweh sae udan watu ing negeri nipun piyambak mpun ical. suket tonggo katok luweh ijo. Rakyat sami berbondong-bondong ing negeri sanes kangge ngudi naseb. Ingkang untung pikantuk arto sanes ingkang mboten untung wonteng ingkang wangsul kantun asmanipun mawon, dados jenazah, amergo pikantuk siksaan sangking majikanipun. Nopo cekap tiyang kala wau nyepeng jejulug pahlawan devisa?.
Ing ndalem Nagarakeŗtagama dipun jlentreaken bileh Hayam Wuruk, saben tahun anjangsana ningali kanti langsung suasana pedesaan membaur kembul bujana lan komunikasi kalayan rakyat, sesarengan kalayan mbagi sedekah. Dados raja tiyangipun sanget cedak kalayan rakyat lan merakyat. Mboten wonten jarak utawi skat kalayan rojo lan rakyat. Rakyat ngraosaken dipun perhatikan. Rakyat nyembahaken pinten-pinten hasil bumi, kangge roso hormat lan ungkapan rasa sembah sinuwun lan ajrih asih. Kanti mekaten rasa asih lan asuh kacipto antaranipun pemimpin kalayan ingkang dipun pimpin. lerkadyo ikan lan air, singa lan hutan, utawi tegal lan rumput, manunggal ingkang saling mbetahaken kados ingkang dipun tuturaken ing ndalem Serat Panittisastra.
Masyarakat Jawi percados bileh wahyu kaprabon, ing ndalem rogo pemimpin teseh wonten. Asal pemimpin taseh sanggup maringi pangayoman. Pemimpin kedah waspada. Sebab antaranipun punggawa wonten ingkang mbalela, sengaja khianat demi jabatan ingkang dipun karepaken. Kangge masyarakat konsep ratu adil, wahyu lan pulung puniko trilogi ing ndalem demokrasi. Kangge pikantuk pulung atau wahyu, mbetahaken laku, kanti mesu budi utawi mesu brata, nyuwun kalayan Hyang Agung kanti lantaran siam utawi topo. Wahyu puniko jelmaan suworo Gusti ing ndalem suworo umat menungso ingkang dipun percoyo sanggup nampi. Benten trilogi ingkang dipun anut kraton Mangkunagaran, melu handarbeni, wajib hangrukebi, mulat sarira munggengwani. Bileh pemimpin kedah ngraos nduweni, mbela kaleresan lan ngati-ngati awak ipun. Purun ngakui keluputan pribadi tanpo nyalahaken tiyang sanes.[S]
*Makmun Aryadi
Mahasiswa Fakultas Syari’ah
Semester VII INISNU Jepara